Minggu, 26 April 2015
TEMBANG JAWABAN TERMINAL KARTANAGARA Karipta dening Ki Pandhu Arya Dinata
aja gampang sujana marang sapadha-padha
uga marang aku kang lagi lunga
wingi kuwi aku pamit menyang watualang
saperlu nekani undangan reuni para kanca
neng terminal kartanagara
aku ketemu kanca lawasku
nalika sekolah neng esempe telu watualang
dheweke ndhisik asal saka dumplengan
aja gampang sujana marang aku kang lagi lunga
ora patiya adoh tur paling suwe amung sedina
wingi kuwi aku ketemu kanca-kanca, kayata sukiran
radi, lasmidi, leni, suprihatin, lan gaguk budiawan
meh kabeh kang nekani reuni
neng rumah makan kuwi pada carita
sakabehing pengalaman neng manca kutha
kaseksen dening guru-guru kang wus tuwa
ya neng dalan anyar kala semana
ana pasangan kancaku kang lagi foto pranikah
numpak dokar andhong
dibacutke kereta mini, lan odhong-odhong
ya neng prapatan terminal kartanagara
pak polisi sempat ngatur lalu lintas
supaya dadi aman, lancar lan waspadha
banjur kowe dhewe neng ngendi nalika semana
03 Maret 2015 dilanjutkan 26 April 2015
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar