Selasa, 16 Juni 2015

TILIK BASA : ASAL - USUL UKARA

Karipta dening : Ki Pandhu Arya Dinata acara adi + cara  adicara agung  sa + agung + ing  sagunging Aji sepuh antu-antu Arupi atur  ang/nga + atur + aken  ngaturaken badhe Buka  tar + buka  tarbuka + in  tinarbuka dahat Dalah dalas  dalas + an  dalasan dening dhateng  dhateng + um  dhumateng lajeng  di + lajeng + aken  dilajengaken hadi + cara  hadicara  adicara atur  ang/nga + ngatur  ngaturaken  hangaturaken hengga ingkang jejer  jejer + in  jinejer kadang kala + wau  kalawau lajeng  ka + lajeng + aken  kalajengaken laksana  ka + laksana + an  kalaksanan  kaleksanan kanca/ kadang na + tunggil  nunggil pa + wiyata + an  pawiyatan kanca-kanca kanthi ping  ka + ping  kaping sambet  ka + sambet  kasambet saras  ka + saras + an  kasarasan mangga  ka + su + mangga + aken  kasumanggaaken sangga  sangga + um  ka + sumangga + aken  kasumanggaaken Kawula Kawula nuwun kempal  ma + kempal  makempal pareng  ka + pareng  Kepareng pareng  ka + pareng + a  kaparenga  keparenga kirang unjuk  ka + unjuk  kaunjuk  Kunjuk kurmat  kurmat + in + an  kinurmatan lajeng  ka + lajeng + aken  kalajengaken lajeng  sa + lajeng + ipun  salajengipun laksana  ka + laksana + an  kalaksanan; kaleksanan laksana  ka + laksana + an  kalaksanan; kaleksanan + ing  kaleksananing lampah  lampah + um  lumampah lampah  lampah + ing  lampahing (adicara) lan langkung riyin  riyin + um  rumiyin mangga mangga  sa + mangga  samangga  sumangga mangga  sa + mangga  samangga  sumangga + aken  sumanggaaken Mbegta mekaten menggah Menika mangka  mangka + in  minangka minangkani mugi-mugi purih  ma + purih  murih purih  pa + purih  pamurih  pamrih Ngantos nugraha  ka + nugraha + an  kanugrahan suwun  nya + suwun  nyuwun buka  pa + buka  pambuka apunten  pa + apunten  pangapunten panjenengan panjenenganipun tutup  pa + tutup  panutup papan Para Paring purna  pari + purna  paripurna galih  pa + galih  panggalih penggalih pinangka sepuh  pini + sepuh  Pini sepuh piji  piji + in  piniji tata  na + tata  nata  pra + nata pranata cara  pranata + cara pranatacara pungkas  pungkas + an  pungkasan punika rancag ratri rawuh  ang/nga + rawuh + i  ang/ngrawuhi  Hangrawuhi rena  ma + rena + i  mranani ronce  ronce + ronce  reronce + ing  reroncening reroncening tata adicara Sadaya saged Saha Sahengga saka  saka + ing  saking Sami sampun sangga  sangga + um  sumangga sanggit  sanggit + in  sinanggit sareng  sa + sareng + an  sesarengan sedaya sedya tanggap wacana tata adicara pepisahan siswa kelas III. Tuju  tuju + um  Tumuju tuwin urut wekdal wonten ing wujud  ma + wujud + aken  mujudaken Sumber Tautan: http://ayoraihprestasi.blogspot.com/2012/11/tuladha-pranatacara-wonten-ing-tata.html Assalamualikum Wr.Wr. ingkang kawula hormati para alim saha para ulama’ ingkang kita tha’ati fatwanipun ingkang kawula hormati para pini sepuh saha aji sepuh ingkang kawula hormati para bapa-bapak saha ibu-ibu undangan mangga kita panjataken raos puja dalah puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kita pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah saha inyahipun dhumateng kita sedaya sehingga wonten dalu punika kita saget makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan setunggal punapa. shalawat dalah salam mugi-mugi kunjuk dhumateng nabi muhammad SAW. ingkang mbegta umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kita raosaken sak menika, saha ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Amin. wonten mriki kawula minangkani pranata hadicara badhe maosaken susunan acara wonten dalu punika 1. pambuka 2.waosan ayat-ayat suci alqur’an 3. sambutan 4. do’a 5. panutup acara ingkang sepindah inggih punika pambuka, mangga acara wonten dalu punika kita bikak kanthi waosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah asshalihah alfatihah kita lajengaken acara ingkang kaping kaleh inggih punika waosan-ayat-ayat suci al-Qur’an dhumateng panjenenganipun bapak fathhurrohman kawula sumanggaaken……………………. Menika kala wau waosan ayat-ayat suci al-Qur’an mugi-mugi saget nambah lancaripun acara wonten dalu punika. acara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan, dhumateng panjenenganipun bapak meseri kawula sumanggaaken………………………..mekaten kala wau sambutan saking bapak meseri. dilajengaken acara ingkang kaping sekawan inggih punika do’a dhumateng bapak KH. Sunarto kawula sumanggaaken. acara ingkang terakhir inggih punika panutup, mangga acara ing dalu punika kita tutup kanthi waosan hamdalah….. mekaten saking kawula menawi wonten atur ingkang kirang mranani dhumateng penggalih panjenengan sedaya kawula nyuwun sagunging pangapunten. Wa akhiran Wassalamualaikum Wr.Wb. http://mihwanuddin.wordpress.com/2011/03/16/contoh-teks-pembawa-mc-acara-bahasa-jawa/ TULADHA PRANATACARA ING ADICARA PEPISAHAN SEKOLAH (BASA JAWI) Assalamu’alaikum wr.wb. Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru. Ingkang kinurmatan para tamu undangan wali murid lan para kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas III. Kaping kalihipun mugi-mugi, shalawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, sumangga ing adicara pepisahan siswa kelas III punika kawiwitan kanthi maos Basmalah, Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah sahengga lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag hengga paripurna. Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia. • Tinarbuka kanthi waosan basmallah sesarengan sampun kaleksanan. • Kalajengaken waosan ayat suci Al-Qur’an • Adicara salajengipun tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah • Tanggap wacana saking siswa kelas II • Lan kasambet tanggap wacana saking siswa kelas III • Panutup lan do’a mujudaken reroncening adicara ingkang pungkasan. Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan, mekaten reroncening tata adicara pepisahan siswa kelas tiga ing siang/ ratri wekdal punika, murih rancag lampahing adicara ingkang salajengipun inggih punika waosan ayat suci Al-Qur’an dhumateng kadang _____________ ingkang sampun piniji murih kaleksananing sedya papan lan wekdal kasumanggaaken. http://ayoraihprestasi.blogspot.com/2012/11/tuladha-pranatacara-wonten-ing-tata.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar