Selasa, 16 Juni 2015

TILIK BASA : KASEP KUWI SAKA TEMBUNG KA - SYSYAIFI

Karipta dening : Ki Pandhu Arya Dinata Wong Kulon (bahasa Indonesianya: Orang Barat) ujar “Time is money” kang artine “Wektu kuwi dhuwit”. Arti bebase “Wektu kuwi ngemu rega”. Wong Arab ujar,”Al – waqtu ka – sysyaifi”, kang artine “Wektu kuwi kadiya pedhang”. Basa Arabe pedhang kuwi “A – sysyaifi”. Basa Arabe kadiya pedhang kuwi “Ka – sysyaifi”. Ya tembung “Ka – sysyaifi” kuwi kang kulina diguna-ake dening para santri nalika mondhok, nyecep ilmu lan kawruh agama marang kyai utawa ulama, kala semana – mesthine wus mataun-taun malah ing zaman penjajahan. Para santri nalika rembugan lan ngana-ake semayan, banjur ana kang mblenjani janji. Ateges lirwa ing janji. Banjur kanca-kancane moyoki: “Ka – sysyaifi!” kang artine kadiya pedhang. Mula saka kuwi, kanca kang lirwa ing janji diarep bakal nggetuni saka tumindake kuwi. Dheweke wus nyia-nyia-ake wektu. Gandheng para santri srawung ora mung ana pondhok wae, nanging srawung ing masyarakat. Banjur ngadhepi semayan-semayan. Para warga kang krungu nalika ana warga kang lirwa ing janji, si santri ujar,”Ka – sysyaifi!”. Para warga ora bisa niro-ake tembung kuwi, golek gampange, banjur ujar,”Kasep!”. Tembung “kasep” banjur oleh pangerten “wus kadaluwarsa” utawa “wus kepungkur”. Dadi pangerten wus owah saka aseline “kadiya pedhang” dadi “wus keliwat wektu”. Nanging pasemon “kadiya pedhang” lan “wus kepungkur” ngemu surasa kang padha, yakuwi kapunggel utawa katutup utawa wus ora ana kalodhangan kanggo prakara kang dadi pasemayan kuwi. Kekaro pihak wus ora ngrembug prakara kuwi utawa nglalek-ake. Yen ana pawongan kang ngomong,”Urip ing donya ngono saderma kadiya mampir ngombe.” Banjur dheweke ngejawanthah sabendinane banjur “mampir ngombe”. Ateges dheweke kleru oleh ngejawanthah. Kleru sak kemenge! Sedyane “mampir ngombe” kuwi ateges urip ing donya kuwi pancen singkat banget. Lelakon saben-saben manungsa kang cinipta dening Gusti Kang Murba Ing Dumadi kasebut ngemu pangerten yen urip ing donya kuwi arupa bageyan lelakon dawa banget, awit saka alam ruh nganti alam akhirat. Dawa banget tanpa ana sing bisa ngetung utawa tanpa winates. Wondene urip ing donya arupa urip kasunyatan kang winates ing samubarange. Apa maneh alam-alam liyane. Karana winates ing samubarang kuwi, kita samiya ngguna-ake wektu kang sak apik-apike. Mula saka kuwi kita samiya bisoa mangerteni tabiat wektu. Tabiat kang sepisan, wektu lumaku cepet banget. Yen dirasa – ake wektu sak detik mbaka sak detik sejatine ya suwe. Nanging nalika kita wus ora pati nggate – ake wektu, kaya-kaya wektu kuwi lumaku tanpa kita samiya bisa nguber. Kaya-kaya kita samiya diparing wektu saya suwe saya singkat. Kamangka orang mangkono. Sejatine mung saka panyangka kita samiya kang beda-beda. Tabiat kapindho, wektu kang wus lumaku ora bakal bali maneh. Setu Legi wingi uni bakal beda karo Setu Pon seminggu maneh. Semono uga Senin Pahing wingi uni bakal beda karo Senin Wage seminggu maneh. Dadi bakal ora nemoni wektu kang padha apik prastawa kang ana uga swasanane. Ing agama Islam, wektu kuwi nduweni kalungguhan kang dhuwur banget. Allah nganti sumpah marang wektu. Salah sawijining maksud saka sumpah-sumpah mau supaya kita samiya nggate-ake wektu. Ibadah-ibadah kang disyariatake dening agama mesthi ana kaitan raket karo wektu. Conto: ibadah shalat wus diatur adhedhasar wektu, lan uga ana wektu-wektu kang dilarang kanggo nindha-ake shalat. Uga ora mung shalat, ibadah-ibadah liyane diatur dening wektu. Kabeh kuwi mung supaya kita samiya nggate-ake wektu. Ngenani pentinge wektu, ing ndalem sawijining hadits shahih (kanthi syarat Bukhari – Muslim) kang diriwayatake dening Al – Hakim saka Ibnu Abbas ra, Rasulullah saw pesen marang kita samiya: Ightanim khamsan qabla khams kang artine “Manfaatna dening sira kabeh limang prakara sadurunge teka limang prakara liyane!” Sing sepisan, syababaka qabla haramika (masa anommu sadurunge masa tuwamu). Mangsa anom kebak karo potensi lan kakuatan. Awak lan otot lagi kua-kuate. Pikiran lan pangeling isih tajem. Semangat lan idealisme laggi ngrembaka. Nanging panggodha nalika ing mangsa anom uge gedhe, sahengga ora ngeramake yang akeh kang kajarumus lan nyia-nyia-ake mangsa anome. Samesthine generasi anom muslim bisa nyonto generasi anom para pandhisik kita samiya, kayadene Ali bin Abi Thalib, Mush’ab bin Umair, Usamah bin Zaid, Muhammad Al-Fatih, lan sapanunggalane. Dudu malah nggandrungi lan nyonto idola-idola kang malah njrumusake prakara kadonyan kang kebak pasemuan. Salah sawijining golongan ing antara pitung golongan kang bakal nampa pangayoman Allah ing dina kiamat, yakuwi syaab nasya-a fii ibadatillaah – mudha taruna kang tuwuh gedhe ing sajroning ibadah lan tha’at marang Allah (Hadits Bukhari lan Muslim saka Abu Hurairah ra). Kang kapindho, shihhataka qabla saqamika (masa sehat sira sadurung masa laramu). Asring kita samiya banjur nyadhari nikmate sehat nalika wus lara. Panjenengan bayangke uga, ora sethithik wong kang kabrugan raja brana malimpah-limpah, nanging dheweke nandhang lara kang larang tamba. Dheweke banjur mlebu metu oma lara (bahasa Indonesia: rumah sakit). Mesthine ya nithili kasugihane lan pasugihane. Apa dheweke bisa nikmati donya brana kang isih ana? Tamtune ora. Kepiye kita samiya bisa tetep sehat, miturut para ahli sistem lan mekanisme ing ndalem badhan manungsa kuwi pancen kompleks tur ruwet banget sarta njlimet. Ora ana pawongan kang bisa njlentrehake. Nanging kabeh yakin kabeh kuwi amarga saka welas asih Allah. Sistem lan mekanisme kang kasebut amarga saka salam, berkah, lan rahmat Allah. Sapa kang wani lirwa marang peparing Allah? Tamtu ora ana. Kang kaping telu, ghinaka qabla faqrika (masa sugih sira sadurung masa fakir sira). Manungsa kuwi cendherung bakhil utawa medhit. Ora gampang kita samiya mbebaske dhiri saka kabakhilan utawa kamedhitan kuwi. Mula saka kuwi, mung saka latihan lan pakulinan kita samiya paring marang sapadha-padha kang sekirane mbutuhake pambiyantu kita. Ora akeh-akeh, sethithik yen ikhlas. Sak tenane kasugihan kuwi orang mung arupa donya brana. Yen kita ora patiya duwi donya brana, sedyane kita nduweni kasugihan arupa ilmu lan tenaga. Ya apa kang kita nduweni kuwi kang kita sedekahke. Mumpung duwe! Kang kaping papat, faraghaka qabla syughlika (masa luangmu sebelum masa sibukmu). Kanjeng Rasulullaah saw ngendikan,”Ni’matani maghbuun fii hima katsirun min – annas: ash-shihhah wa – lfaraagh” (Ana rong kanikmatan kang sakehing manungsa nyia-nyia-ake, yakuwi sehat lan wektu luwang) (Hadits Riwayat Bukhari, Ahmad, Tirmidzi, Darimi, lan Ibu Majah. Pancen mangkono. Malah sakehing manungsa katalumpen lan uga kalendran nalika ana kalonggaran wektu. Ing wektu-wektu kang longgar, sakehing manungsa malah seneng nindha-ake prakara kang sia-sia, malah kang ma’shiyat. Kamangka Rasulullaah saw dhawuh,“Min husni islami – lmar’i tarkuhu ma laa ya’niihi (Ing antara tengara baguse kaislaman sawong yakuwi kamampuane ninggalake prakara-prakara kang ora ana manfaat kanggo dheweke).” (HR Tirmidzi) Kang kalima, hayataka qabla mautika (urip sira sadurung mati sira). Mati kuwi teka kapan wae. Ora kudu nunggu tuwa. Orang arang uga mati kuwi teka kanthi ndadak lan tan kinira. Sak liyane kuwi, yen wus teka, ora bakal bisa diundur sakedhepan wae. Urip kita samiya iki, sapira suwene, mung cendhak wae yen kabandhingake karo suwene lan kelanggenane akhirat. Mula saka kuwi, ayo kita samiya nyoba lan tansah nyoba nindha-ake sabar lan nahan dhiri ing sajroning urip iki – sabar lan thaat, sabar ora nglanggar aturaning Gusti Allah, sabar marang samubarang prakara kang ora nyenengake – amarga urip ing donya iki pancen sedhela wae. Yen kita samiya orang bisa ngguna-ake urip kanthi apik, mangka kita samiya bakal nyesel selawas-lawase. Nanging panyeselan nalika kuwi ora ana gunane maneh. Wah, wus kasep bro! Ayo kita samiya nggate-ake kepiye Allah wus ngabarake marang kita samiya ngenani kahanan wong kang uripe ora thaat nalika ing donya. Mangka nalika nyawane dijabel dening Allah,”Hengga menawa wus tumeka pati marang sawong saka dheweke kabeh, dheweke matur,’Dhuh Gusti kula, panjenengan wangsulaken kula dhateng donya, supados kula saged nindha-aken amal shaleh dhumateng ingkang sapun kula tilaraken’. Sepisan-pisan wae ora. Setuhune kuwi mung ujaran kang mung diomongke wae. Lan ing ngarepe dheweke kabeh ana tembok nganti dheweke kabeh bakal dibangkitake.” (QS Al-Mu’minun: 99-100) Karana kuwi, ayo kita samiya ngguna-ake urip itu mung mligi ngabekti marang Gusti Allah. Setuhune kita samiya dicipta-ake pancen mung ngabekti marang Gusti Allah wae. “Wa ma khalaqtu al jinna wa al insa illa liya’buduuni “Aku (Allah) ora nyipta-ake jin lan manungsa kejaba ngabekti marang Aku.” Uga ayo kita samiya eling marang parentah Allah ing QS Al-Qashash: 77: “Lan goleka apa kang Allah paringake marang sira kabeh ing negari akhirat, nanging sira kabeh aja nglalekake bagian sira kabeh ing donya.” Ing ayat iki, Allah marentahake supaya kita samiya goleki lan nguber ing sajroning urip iki yakuwi kapentingan akhirat kita samiya. Wondene kapentingan mung sewates “sira kabeh aja nglalekake”. Nanging kang dadi masalah, manungsa malah 23 jam kanggo mligi urusan donya, lan mung 1 jam wae kanggo akhirat. Karana kuwi, ayo kita samiya ngoptimalake ngabekti lan ngepareg marang Gusti Allah Kang Murba Ing Dumadi. Aja nganti kasep, Bro! Elinga kasep kuwi “ka – sysyaifi”! Kadiya pedhang, kang sawektu-wektu bakal munggel jangga sira. [Ki Pandhu Arya Dinata nama samaran di internet, nama aseli: Kusfandiari Abu Nidhat]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar